Senin, 01 Mei 2017

Raja Kapitu (Megatruh)

1) Saikine wis jaman Raja Kapitu.
Aran Pandhita Wahyu Kinasih.
Kamulyane para guru.
Adol ngelmu ngaku Resi.
Tan weruh karep Sang Katong.

2) Pamerdine marang siswa tan satuhu.
Perangkate google dadi.
Datan milah wohing tanjung.
Prota-Promes asal kopi.
Sen-isene ngelmu kosong.

Hardiknas
Wonosobo, 2 Mei 2017

Selasa, 11 April 2017

Catetan Mider Desa

(Kinanthi)
1) Mbalung pakel lit ing cumplung.
Nyata elok yen dipikir.
Jare jaman kemajuwan.
Kabeh-kabeh kari nudhing.
Tan eling purwa wasana.
Tarunane dimen lali.

2)Jarwa asma suh ing tembung.
Separan-paran ngulati.
Pindha genjer neng kedhokan.
Si Anom jaler pawestri.
Madhat ngombe pinggir marga.
Dumugi tanceping ratri.

Kamis, 25 Juni 2015

Meri Marang Lintang

(Megatruh)
Lintang wae nora sambat nora angluh
Kumelip ing peteng ratri
Aweh tanda mring sedulur,
kang komampul ing jaladri
Tanda bekti mring Hyang Katong.

Minggu, 23 Maret 2014

Mancing (Dhandhanggula)

Anguk - anguk aneng pinggir Mbibis
Ketap - ketip anyawang kambangan
Komat - kamit rapalane
“Kaki - Nini ing kedung,
gedhe – cilik nggonmu peparing
Lele, Kutuk, lan Bawal
Sen-isening kedhung
Sewak – sewuk anyauta
Lair – batin bungahku sundul wiyati”
Mentul – mentul Si Joran.
--------------Semarang, Kertaning bumi sirna saking pandulu (2014)

Kamis, 16 Agustus 2012

INDONESIA ( Mijil )

(1) Ri puniki swidak-pitu warsi
     anggenya mardika
     Indonesia negarane dhewe
     Bebarengan mapag Idul Fitri
     Kanthi ati suci
     guyub rukun mbangun.

(2) Padha enggal manunggal ing budi
     nyingkiri paidon.
     Witing klapa pucuk ron arane
     salugune nunggal balung kulit.
     Kadang wredha-wredhi
     kang muda lan sepuh.

(3) Linambaran ikhlas lair batin
     tan abot ing raos.
     Sega janur Sang Wisnu garwane,
     lepat kula nyuwun pangaksami.
     Sareng angupadi
     nagari rahayu.

Rabu, 08 Agustus 2012

WENGI (Maskumambang)

Aduh wengi najan wis kelangan sepi
Meksa datan elok
Yen uripku tanpa wengi
sadani mendem kahanan.

Aduh Gusti kepareng nyuwun aksami
kathah lepat kula
ing saklaminipun hurip
gesang aneng alam dunya.

Selasa, 05 Juni 2012

Mangan Wareg Turu Ndodok (Megatruh)

1. Aduh kulup wis daktampa pisowanmu
    hangangsu kawruhing urip.
    Mung sawiji wekasingsun
    nora liya denlakoni
    "Mangan wareg turu ndodok"
 
2. Kalamun sira premati mring welingku.
    Kang aran mangan sayekti
    kalebu anggolek ngelmu
    datan beda rajabrani
    wus wareg enggala ngaso.

3. Ndodok iku bebuwang upaminipun
    anggenya sira peparing
    kalawan miwulang kawruh
    ikhlas tankineling-eling.
    Ngudi prenahe Hyang Manon.

4. Ndodok ugi ndarbe werdi kang linangkung,
    nekuk balungane sikil
    hanyembah klawan manekung
    ngadhep marang Sang Hyang Widi
   yeku sayektining Pangon.
================================Banyu Urip, Delik-Salatiga 2012