Selasa, 24 Agustus 2010

Ngudar Surasaning Macapat (Asmaradhana)

Sinerat wonten kakawin
ya Pustaka Smaradhana
Pu Darmaja panganggite.
Sanghyang Kama kudu kobong
sinorot soca Siwa
amarga nggoda lelaku
dinaya mubal asmara.
=======Kebumen,250810

Asmaradhana guru-lagu/guru-wilanganipun 8i / 8a / 8e / 8o / 7a / 8u / 8a
Asmaradhana saking tembung 'asmara'(birahi) lan 'dahana'(geni).

Dipuncriyosaken wonten salebeting Kakawin Smaradhana anggitanipun Mpu Darmaja....
awit saking kangene Dewi Uma kelawan Dewa Shiwa, piyambake ngutus Bathara Kama supaya nggugah rasaning asmara Sang Shiwa.
Dewa Shiwa ingkang wektu semono lagi mbangun tapa, ketaman pangaribawane Kamajaya banjur krasa kangen lan kepengin nindhakake saresmi klawan Uma. Nembe wae jugar tapane, sapandurat ngerti Kamajaya kang singidan ora adoh saka kuil. Dheweke banjur ngerti yen mubale asmara mau dudu karepe dhewe ananging saka kadigdayane Kama. Rumangsa diasorake dening Kamajaya, Sang Shiwa muntab kanepsone, lali purwaduksina. Tanpa ngesip warta luwih disik bab pokale Kama kang mangkono mau awit denutus Dewi Uma, dheweke matek aji kawijayan, ana geni murub saking netrane. Bhatara Kama pinandeng sepisan kobong dadi areng.

Kamaratih sambat ngaru-ara njaluk pengadilan. Ngre-repa murih garwane diusadani waluyajati. Sang Shiwa saguh nguripake Kama, nanging nora bisa duwe badan wadhag. Kamajaya namung awujud jiwa lan kudu nglakoni tapa kanthi tumurun Mayapada manggon aneng sanjerone priya.

Kamaratih banget anggone tresna marang Kamajaya. Dheweke njaluk dipapandeng sisan, ugere bisa nyusul dasihe kinasih. Kamaratih uga kelangan badan wadhag lan tumurun Mayapada manggen aneng njerone Wanita.
Nganti tekan jaman samengko, Kamajaya lan Kamaratih bisane ketemu angger ana wong lanang lan wadon padha langen asmara.

Asmaradhana adalah terbakarnya jiwa oleh cinta...
Asmaradhana adalah simponi ketika Kama dan Ratih bertemu dalam persenggamaan...
Asmaradhana adalah keindahan ketika alam pun terdiam karenanya
mega-mega terhenti, memberi hormat atas prosesi sebuah permulaan
adalah peluk mesra dua bulir air yang sekejap dalam pertemuan
adalah.................