Rabu, 24 November 2010

Katur Eyang Sukardi (Pocung)

Kardi iku
werdine karep satuhu
lamun tinambahan
tembung "Su" tegese becik
Dadya laku tinitah ning alam dunya.
========"Moksaning Jalma Kombuling Dresti"

Senin, 22 November 2010

Ma'rifate Bakul Wedang Ronde (GAMBUH)

Wedang ronde puniku
panas, pedhes, lan manis kalamun
dipun unjuk wayah adhem eco yekti
kang mangkono dadi laku
jejere titah Hyang Manon.




Nontona ingkang ngaku
wus manunggal Gusti jroning kalbu
sumurupa yen agama iku yekti
tan kena pinisah tuhu
kosong isi - isi kosong.


Song-songe ya ragamu
ndherekake sukma nggennya mlaku
anglakoni sangkan paraning dumadi
nguja bawana rahayu
mergi manunggal Sang Katong.

Katogna nggonmu ngaku
yen wis bisa misah manis madu
jer manunggal nora butuh den akoni
Syukur begja kersa ngonjuk
linambar ikhlasing batos.
===== 22 November "Ma'rifat Awal Swarganing Laku"
http://ki-plered.blogspot.com/

Ket:
Ma'rifat = sengkalan tahun angka 0
Awal = sengkalan tahun angka 1
swarga = sengkalan tahun angka 0
laku = sengkalan tahun angka 2
jd, Tahun 2010.