Kamis, 26 Agustus 2010

Ngudhar Surasaning Macapat (Dhandhanggula)

Anggegadhang manis kadya gendis
kekidhungan ngagem Dhandhanggula
murih padhang piwulange
njejantur anak putu
tradisi kuna nanging edi
mijil ingkang kapisan
sinom medal banjur
kinanti ing mangsa mudha
kaping catur asmaradhana karonsih
ka-panca dhandhanggula.
===========Kebumen 260810

Dhandhanggula salah satunggaling jenis tembang macapat
  • Saben setunggal padha wonten 10 gatra,
  • guruwilangan saben gatra; 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
  • gurulagu                         ;   i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a  
Dhandhanggula saka tembung Dhandhang lan Gula
Dhandhang ngemu teges pengarep-arep.
Gula iku manis/legi.
Pramila akeh ingkang nggunakake Tembang Dhandhanggula kanggo kidung pengarep-arep marang kesaenan ing tembe mburi. Akeh uga wong tuwa sing aweh pitutur marang anak-putu nganggo tembang iki, utawa rengeng-rengeng sinambi nurokake bocah cilik nganggo Dhandhanggula kang isine do'a kanggo keslametane si bocah.

Sebagian maneh ana sing ngotak-atik gatuk tembang iki jare jenenge tembang iki dijupuk saka asmane salah sijining raja Kediri yaiku Prabu Dhandanggendis.
  
Seje maneh pratikelku, (rak yo entuk to, nek aku duwe panemu dhewe?)......
Dakurutake saka tembang-tembang Macapat sing wis kita udhari bareng-bareng kala mben;
  • Sepisan aran Mijil; mijil kuwi metu, netes, mbukake lawang, kawitan, lair. Serasaning mijil kuwi gawe seneng, bungah, wong kang mirengake kadya mapag laire bocah bayi tanpa gelem ngerti tembe mburi bakal kepriye.
  • Kaping pindho Sinom; watake bocah kang esih timur lan duwe semangat gedhe, yen disawang banget edi peni kadya embun aneng pucuke godhong asem wayah esuk.
  • Kaping Tri Kinanti; sinome saya ngrembaka, seneng gegandhengan karo kanca-kancane. Sing jengger miwiti nglirik dhere, ananging uga tasih seneng memitran karo kanca liyane. Padha baut ngangsu kawruh, milah-milah pekerti sajroning urip.
  • Kaping catur Asmaradhana; rasa tresna kang rumasuk raga kudu mulai den-kendaleni. Awit yen ora kebener bisa nemahi bilahi. Tiwas-tiwas kayadene tragedi Pamedharing Sastra Jendra dening Begawan Wisrawa marang Dewi Sukesi (bab iki disinauni liya wektu wae...). Iki gambarane menungsa urip miwiti kudu bisa ngendhaleni antarane daya Cipta, Rasa, lan Karsa.
  • Kaping lima Dhandhanggula; Sawise cocok lan mathuk karo pilihane, wong urip banjur mulai ngrembug pengarep-arep, gegadhangan dina ngarep, diniyati mangun bebrayan kang luwih apik.
  • Kaping enem lan seteruse.....ya sesuk maneh.....!
Dhandhanggula adalah do'a
adalah harapan agar hari esok lebih baik
meski kadang sebuah tangis yang tak terdengar
meski ia adalah duka mendalam yang berbalut manis gula
tetapi dhandhanggula adalah keputusan
demi tidak terputusnya harapan..........