Rabu, 30 Juni 2010

Tanggap Ari Warsa Kaping 64 Bhayangkara (Megatruh)


Sangga kutang, mbokyao aja kesusu
nggenya sami memaoni.
Abot sangga njaga hukum
direwangi awan bengi
ugere bebrayan bakoh.


=======Kebumen, 29 Juni "Datan Nunggal Tanpa Kanthi"



Pamedhare Tresna Samun (Asmaradhana)


Sing sapa durung mangerti
dununge rasa asmara
sejati klawan sesinglon,
ndahara atur Ki Dalang
Hadi Sugito smana
amedar tresna kang samun
binagi mring tri prakara.




Sucitra kang angka siji
yeku tresna merga rupa
bagus lanang ayu wadon.
Kaping dwi Tresna Wiryana
pangkat lan kelungguhan.
Dene ingkang kaping telu
arane Tresna Hartono

Nggone seneng amung mergi
raja-brana bandha-dunya.
Ulati kanti waskito
yen telu-telune ilang
tresnane uga sirna.
Yekti kang arane samun
wewatake mung sedhela.

Hadi Sugito swargi
nyata dalang ingkang kondang.
Wates-Yogya wewengkone.
Pangocape kabeh wayang
dipireng kadya nyata.
Jebol dugi tancep kayun
pakeliran kebak sastra.
========Kebumen, 29 Juni "Swarga Jalma Luhur Pandulu"
Mengenang Almarhum Ki Dalang Hadi Sugito saking Toyan-Wates, Yogyakarta.

Kalamangga, Manggakala (Megatruh)

Kala seseorang yang mempunyai potensi besar hadir dalam jaringan persahabatan kita, besar pula harapan bahwa ia akan menambah manfaat demi kemajuan bersama. Namun jangan dilupakan, ibarat belalang yang masuk jaring laba-laba –--semakin besar kekuatannya, semakin besar pula kemungkinan jaring itu rusak---.

Nah, seberapa besar kemampuan kita untuk menerimanya? Haruskah berkonsentrasi merengkuhnya dengan mengorbankan persahabatan kita yang lama? Keutuhan lingkungan kita, orang-orang dekat, dan bahkan diri sendiri menjadi taruhannya…..
Berkacalah pada Laba-laba! Apabila ia nekat meraih Si Belalang, ia beresiko jatuh bersama karena jaring banyak yang putus. Sungguh bijak ia yang memilih menyulam kembali sarangnya sebelum menarik Si Belalang ke dalam sarang.

Kalamangga, Manggakala (Megatruh)
Kalamangga kandhane Ki Plered banjur.
Mangga sami denulati.
Mbangun somah kanti utun
Nyenyulame mbaka siji
Ing pangangkah kanggo manggon.

Ya mangkono yen kita mbangun sedulur
Datan ruket tanpa aji
Uger bakoh nggih rahayu
Tan moyig godhaning angin
Kabeh sedyane kelakon.

Nuju dina tumekane Walang Gadhung
Linuwih ing rosa budi
Kalamangga dadi getun
Nyawang omah mosak-masik
Taleng rasa sami pedhot.

Mapan pangan pindho sapucuking pecut
Den-ranggeha dhawah mesti
Taliwanda gya dicancut
Dandan omah mbangun jaring
Ngruket walang mengko-mengko.
=========Kebumen, 28 Juni "Muluk Wani Sirna Paksi"

Tangis Bocah Bajang (Mengenang 10th Meninggalnya seorang Pahlawan Sensus Penduduk)



Bait pertama dalam tembang ini aku tulis pada waktu, hari, dan suasana yang sama dengan hari ini sepuluh tahun lalu (pk:21.00 wib 25 Juni 2000) di ruang Teratai RSUD Kebumen. Ketika itu aku masih dalam perawatan karena kecelakaan di pagi harinya (09.00 wib)




Tangis Bocah Bajang (Dhandanggula)

Nggonku ngidung, nglarap sukmajati
Sangarsane Sang Hyang Wenang.
Tinampa-a pisowane.
Elok lampahanipun
pralayane Raden Sumantri
ndisiki Sukasrana
mingkur ingkang sampun.
Bisane Sukrasana
amung ngidung, nenangis sajroning batin
"Sugeng tindak pun Kakang"
==========R.Teratai, RSU Kebumen 25 Juni 2000, 21.00 WIB.

Sing dakeling, tekan madya ratri
kowe aku padha gegojegan
ngrembug nasib lan uripe
uga eling pesenmu
kudu ngemung mring adi-adi
kadya Sumantri smana
suwitaneng ratu
Nanging yekti lan nyata
abot sangga anggonku nyenyunggi janji
wusnya koktinggal seda.

Duh Kakangku, banget dakgetuni
ngapa ndika kang ndhisiki seda
ninggalake aku dhewe.
Sawangen lelakonku
mokal ngemong rayi kekalih.
Tanpa wluku lan papan
tan ana pametu.
Ijen dadi memala,
nyangking plunan, ngreribed seje sesami.
Kapang kontrang kantringan.
===========25 Juni 2003.

Hari ini, genap 10 tahun peristiwa yang meluluh-lantakan kehidupan kami. Sebuah bus yang angkuh telah melibas motor kami yg jauh menepi. Kakakku terkasih meninggal dunia karenanya. Mungkin, negeri ini tidak pernah mencatat kejadian itu. Tapi aku, dengan luka di kepala ini tiada dapat melupakannya. Bagiku, Winuji Widodo seorang pahlawan. Ia gugur saat menjalankan tugas sebagai Pencacah dalam Sensus Penduduk 2000 bersamaku......
Kebumen, 25 Juni 2010.

Tasih Catatan Bareng Elmitra (SINOM)

Edipeni ratri-rina
neng Semarang kutho asri
sesarengan kanca enggal
ingkang sulistya ing warni
Dyah Elmitra Nawangsih.
Awit saking kersanipun
niat gladeng sastra jawa
kalawan nglukis Sang Dewi.
Mugi langgeng anggone niat memitran.



=======Semarang 23 Juni "Adoh gusti sepi ngelmi"

Especially for Elmitra Nawangsih

KINANTI

Siniram banyu sawindu
tepang kenya endah asri
Kamaratih ngejowantah
aran Elmitra Nawangsih.
Nadyan kenya saking manca,
kersa gladen sastra jawi.




Elok tenan sedulurku,
nunggal siti nunggal warih.
Kawudan gya kewirangan
ambeg raos ngunggung diri
nyingkir budaya priyangga
wengku manca umyek sami.
============ri-21 juni "Swarganing Tyas Tan bisa Dinulu"

Bakul Getuk Methuk Esuk (POCUNG)


Esuk-esuk, wis nyawang bakule gethuk.
Tan ayu nanging pas.
Semangat ingkang sayekti.
Titi subuh nyandhak alu nuthuk tela.

Nadyan sepuh, tan sambat tan aruh-aruh.
Ngelingi mring wekas,
jer manungsa iku yekti,
tanpa karya kleyang jati saumpama.

====Kebumen, Akad Wagé, 8 Rejeb 1943 Dal

Mapag Tekaning Ratri (Maskumambang)

Sugeng ndalu dumateng pro-mitra sami
kadang anem-tuwo
mugi ratri endah dadi
baku aja nganti lena.
============= 19 Juni 2010 jam 21:55

Sugeng Enjing (MIJIL)

Sugeng enjing lan miwiti kardi
ing dina samengko.
Muga-mugo, jembar rejekine.
Pinaringan waspada lan eling
dugi kondur mangkin
manggiha rahayu.....
===================== 19 Juni 2010 jam 7:51

Sesanti Kanggo Anak-anakku (Kinanti)

Mawa sidhem bebek wurung,
kepareng nitip sesanti.
Tumrap masmirahpun kakang,
kelawan siwi kekalih.
Bab urip neng alam dunya
kudu eling lan premati.

Pisan njaga ujar tembung,
kang mijil saka ing lathi.
Pindho lestarining gesang,
kabeh mahluk lan pribadi.
Katri mbela kalawan hak.
Catur nasabira kaki.


Kaping lima golek ngelmu,
lair dumugining akhir.
Kabeh mau kang utama.
Gegaman langkung prayogi,
linambaran raos ikhlas
mring sabarang kang dumadi.
========Kebumen, ri-16 candra-6 'Mesat budi nir bujana'

The Legend of Sastromidin (MIJIL)

Ana pangon aran Sastromidin.
Akekancan kebo.
Saben dina amluku gawene.
Angger sayah panglipure nyuling,
lan Si Kebo ugi
tambah rosa mluku.



Wis nasibe yen wong cilik iki
kudu nut bendhoro.
Nora beda, Si Midin critane
ndungkap warsa 'Bun Drahyu njing Janmi'
moderenisasi
mlebet dusun-dusun.

Bendarane ya cancut tumuli
anyade keng wlukon.
Genti traktor pamluku sawahe.
Nuju rusak, Si Midin nyenyuling.
Lha kok ora sekti.
Traktor wegah mlaku.

Sastromidin ewuh ing pambudi,
didangu bendoro.
Nunggal dina ilang jabatane.
Kanti sabar dheweke tumuli
dadi tukang suling
wayang kulit melu.

Tiwas-tiwas, dijagakke nyuling
bisane mung pelog,
laras slendro adoh yen bisane.
Ora lawas, uga dilereni.
Banjur saben ari
Sastromidin mlaku

Mider desa, mbarang nganggo suling
karo nggendong putra.
Pirang warsa tan ana kabare,
krungu-krungu meh kentir ing kali.
Uga nyekel suling.
Nyata wong kang puguh.
==========Kebumen, ari-18 candra-6 "Tan wani adoh nyembah"

Sepi (Maskumambang)

Urip iku asale mung saka sepi.
Tembe mburi mengko,
bakal bali alam sepi.
Mula ayo sing prayitna.

Mampir ngombe sayekti yen denumpami.
Menyang pasar mono,
najan betah mesti bali.
Wong urip neng alam dunya.


Urip iku amung kanggo ngisi sepi.
Dadiya nayaka,
amung kanggo ngisi sepi.
Tan beda kang baud sastra.

Merga ndunya, akeh wong kang padha keli.
Nggone golek bandha,
direwangi demit kali.
Sedheku kekancan dupa.

Kang mangkono tan bakal bisa pinanggih.
Yekti jroning nala,
sugih lan sudraning dhiri
lan tansah nambah kagunan.
------Kebumen, ari kaping 13 sasi Juni "Sepi Semedi Suwung Ngelmi"--------

PLEREDAN

Ki Plered nyela atur
nderek njantur minangka pisungsung.
Ngusung wedang, pedes panas denmanisi.
syukur begja kersa ngonjuk,
linambar ikhlasing batos. (GAMBUH)




Ginambar ing sekar Pangkur,
amangkoni apa kang wus mungkur.
Nggennya nyatur, mangga sami denwijeni.
olah basa Plered cubluk,
Jaewana dinggo bumbon. (GAMBUH)

Pleredan kang cinarita
angupadi Sangkan Paran Dumadi.
Pawitan kang sarwi suwung,
sangu sondhong landheyan.
Amemayu bawana murih rahayu.
Krenteging tyas mung ngibadah
manembah mring Sang Hyang Widi. (PANGKUR)