Minggu, 26 Juni 2011

Wawanrembug Klawan Krisna (POCUNG)

Plered : 
(1).Yen sepuluh punjule setunggal tahun
      tambahe keng napas
      tanda tilas nggonku bekti
      sareng raka nyunggi jibahan negara
      (Mengeti 11 th kacilakan wektu SP2000, 25 Juni 2000)






Krisna :
(2) Najan urip rekasa tansah anyandung
      tansah bekti mring Hyang
      mbesuk tembe bisa mukti
      nadyan datan urip mukti aneng dunya.


Plered :
(3) Iya iku rusake agama lamun
      alim nggayuh swarga
      lali rahmat lil'alamin
     Trap-trapane agama ing alam dunya.


Krisna:
(4) Swarga iku agama ingkang lumaku
      jumbuh lawan sarak
      kang ginaris ing Hyang Widi.
      wus kacatet ana jeroning al-qur'an

(5)  Akeh manungsa ingkang salah panemu
      agama mung lafal
      ora tumeka ing batin
      apa maneh nyebar katresnan ing dunya.


(6) Mangka swarga tangeh bisane kawengku
      tanpa tapa brata
      nyebar tresnaning Hyang Widi
      kang tumanduk ing jasading priyangga.


(7) Jroning Qur'an utawa Hadist puniku
     sapa nyebar tresna
     ditresnani mring Hyang Widi
     iku tanda ngelmu islam denamalna.


Plered :
(8) Wis setaun brayat Plered nggenya mlaku
ngudi kasampurnan
agama kang dasare sih
hangupaya ridhone kang Maha Mulya


(9) Nanging ewuh ing sadawaning lelaku.
      Tan dianggep lumrah.
      Lumrahe jaman saniki,
      sapa kendel sapa wani iku mulya.


(10) Ingsun dudu Kalijaga sugih ngelmu
       nggetek geger baya
       tan dimangsa mati keli
       Ngalah ngalih nggolek wong kang sugih tresna.