Rabu, 21 September 2011

Jaman Kebo Wulung (GAMBUH)


 Sing sapa kang wus wanuh
dedununge jiwa jatining ruh
sesolahe kabeh adedasar asih
datan kemba ing lelaku
pinter bodho kabeh kanggo.




Nadyan nut ilen banyu
tetep kudu nimbang-nimbang kalbu
aja nganti gawe lara ning sesami
baku bisa hamong tuwuh
idi karsane Hyang Manon.


Samangkin elokipun
amenangi Jaman Kebo Wulung
sandangane lulang macan nggegirisi
wegahe yen nggeret wluku
lali sejatining kebo.

Si Wanuh sarwa ewuh
angulati polah kebo wulung
aneng ngarsa mundhuk-munduk anginggihi
ting wingking sedyane ngriwuk
yen konangan kandha "Emooh!"

Mula waspada kulup
aja dumeh wis lumaku jujur
yen tan kendel, samangkin bakal kasisih
Goleka isening bumbung
talenana kanti bakoh.


Selasa, 13 September 2011

Kresna Mijil Sesanti

(1) Den premana lakuning teteki
      aja nganti kemba
      pasrah 'Allah ing sakabehane.
      Titimangsa Alloh amaringi,
      mudar ing semedi,
      aja nganti turu.






(2) Aja lena trengginas ing budi
      Yen wus titimongso
      nyandak tugas panah landheyane
      Mapag donya ingkang jungkir walik
      Waspada permati,
      sekeng saru siku.

(3) Eling Yoga, Semah, lan Pribadi
      Kawijil ndedonga
      Smangat jiwa raga mring wajibe
      Nganti teka asihing Hyang Widi
      nyandhak mulya mukti
      amarga mituhu.

Kabeh Isening Kedhung (Megatruh)

(1) Aneng tepi lepen Kedhung Bibis iku
      gya mesanggrah Plered kaki.
      Ngudi kawruh hamong tuwuh,
      ngetut len-ilening warih.
      Pindha solahe cah angon.





(2) Direwangi melek mata rinten-ndalu
      nggenira laku teteki.
      Angoncati kendel ewuh,
      nyingidi pintering dhiri
      pasrah kinaranan bodho.

(3) Jer ngawula mring juragan asal Manchu,
     kudu bisa njaga ati.
     Sapakon sendika dhawuh.
     Priyayi memet satiti.
     Mugi mundhak pasinaon.

(4) Beda maneh yen wis wanci bali surup,
     Ki Plered srawung pra-jawi.
     Jawa kang wus ninggal petung,
     melekan ngentekna ratri.
     Tanpa guna ya mung jagong.

(5) Kabeh mau cinathet sajroning kidung
     Megatruh minangka seksi.
     Kabeh mung isening kedhung
     iya kanggo ngisi sepi.
     Dimen nora suwung gentong.

Senin, 15 Agustus 2011

Srabi Pojok Margi (MIJIL)

1. Nyai Plered saiki dol srabi
    pratandha wis manggon.
    Gilig tekad, nunggal mring Dewane.
    Anuladha mring sifat Dewi Sri
    Lan sabar sinambi
    momong Arga - Rayung.



2. Esuk sore, sing numbasi ngantri
    Srabi dalan pojok.
    Simbah Jawa, uga Trah Cinane
    sing pelajar, uga para santri,
    nayakaning nagri,
    bebakul lan guru.

3. Srabi jare, gambaraning urip.
    Pamangganging anglo.
    Longgar rasa kang manggon atine.
    Pindha ujar caritane pari
    kang ajur kagiling
    dimen dadi unggul.

Sayektining tresna...

Wayah Nyukur Alang-alang (SINOM)

1. Amiwiti labuh karya
    mugiya tekeng makarti.
    Merdi sampurna piwulang
    nggeningsun momong keng siwi.
    Wiji satriya aji.
    Jinumbuh mring lantipipun.
    Titipane Gusti Allah.
    Mimpin jaman tembe mburi.
    Murih ngripta katentremaning bawana.

2. Jer yektine tiyang gesang
    pindhadene wong kang dangir.
    Ngiris sukete tanduran
    kabeh kang tanmigunani.
    Nintang-ninting amilih.
    Lire pundi kudu tuwuh
    wusana jinaga kedah.
    Dadiya lanjaran yekti
    titi mangsa tetaneman kebak guna.

3. Sesuluke jaman edan
    samubarang ditanduri.
    Nadyan wujud alang-alang
    pamrihe katon ngijoni.
    Dirabuk tanpa ngelmi.
    Memaelu abyang-ubyung.
    Piyandele nut ngakathah.
    Direwangi kendel muni
    "Ya wis kaprah, sing penting angalap berkah"

(Ramadhanku wus nyungsep pojok dalan, nggandul aneng wit, lan dadi kembange TV)

Rabu, 29 Juni 2011

Kuthuke mati ing lumbung (Megatruh)

Elok tenan Si Kuthuk mati ing lumbung
tan mati kebrukan pari,
kaliren wetenge suwung,
piyek-piyek nalangsani,
tan digape dening babon.

Babon ketungkul ngopeni anak wulung,
kepranan mabure kenthip.
Si Wulung batine ngguyu.
Entenana tembe mburi,
sisamu dipangan gaok.

Minggu, 26 Juni 2011

Wawanrembug Klawan Krisna (POCUNG)

Plered : 
(1).Yen sepuluh punjule setunggal tahun
      tambahe keng napas
      tanda tilas nggonku bekti
      sareng raka nyunggi jibahan negara
      (Mengeti 11 th kacilakan wektu SP2000, 25 Juni 2000)






Krisna :
(2) Najan urip rekasa tansah anyandung
      tansah bekti mring Hyang
      mbesuk tembe bisa mukti
      nadyan datan urip mukti aneng dunya.


Plered :
(3) Iya iku rusake agama lamun
      alim nggayuh swarga
      lali rahmat lil'alamin
     Trap-trapane agama ing alam dunya.


Krisna:
(4) Swarga iku agama ingkang lumaku
      jumbuh lawan sarak
      kang ginaris ing Hyang Widi.
      wus kacatet ana jeroning al-qur'an

(5)  Akeh manungsa ingkang salah panemu
      agama mung lafal
      ora tumeka ing batin
      apa maneh nyebar katresnan ing dunya.


(6) Mangka swarga tangeh bisane kawengku
      tanpa tapa brata
      nyebar tresnaning Hyang Widi
      kang tumanduk ing jasading priyangga.


(7) Jroning Qur'an utawa Hadist puniku
     sapa nyebar tresna
     ditresnani mring Hyang Widi
     iku tanda ngelmu islam denamalna.


Plered :
(8) Wis setaun brayat Plered nggenya mlaku
ngudi kasampurnan
agama kang dasare sih
hangupaya ridhone kang Maha Mulya


(9) Nanging ewuh ing sadawaning lelaku.
      Tan dianggep lumrah.
      Lumrahe jaman saniki,
      sapa kendel sapa wani iku mulya.


(10) Ingsun dudu Kalijaga sugih ngelmu
       nggetek geger baya
       tan dimangsa mati keli
       Ngalah ngalih nggolek wong kang sugih tresna.

Kamis, 23 Juni 2011

Kinanti

Tan rinasa wis setaun
brayat Plered aneng margi
ngudi werdinipun gesang
kang jumbuh karsane Gusti
nadyan nempuh lara-lapa
nunggu dugi titi-wanci

Rabu, 01 Juni 2011

Nirbiru

(Pangkur)
1. Wak mami wis nyawang lintang
    Warna biru sumunar saya nyedhaki
    Wartane anggawa mendhung
    Wus ndungkap titi mangsa,
    Wawar awor wiwir dumadine wurung.
    Wewurunge alam dunya
    Wis wancine wiwit malih.

2. Yeku pratandha kang nyata
    yen agama wis dadi kembange lathi.
    Anggepe ucaping kalbu
    tan nunggal lampahira.
    Dumeh apal alip kalamun an-in-un
    wis sampurna tanpa ngira
    agama dasare asih.