Jumat, 24 Desember 2010

Ginda Gitayeng Gupa (Dhandhanggula)


















Tan kinira Plērēd nyata warih
Riwus kandheg dlangu Banyuana
Nala tidhem anglenengē
Ngēksi undering kedhung
Kekudangan merdi keng siwi
Piwulangē satriya
Pinilih pinuluh.
Wirandungan nggēnya nabda
Kawiwanda dēnaran nyalangi yogi
Ginda gitayēng gupa.


 Yogyanira yogiswara yekti
Udasmarēng laku kautaman
Mandah puna wus wayahē
Ēndrawila sinawung
Sindu pangiloning tetēki
Manut kang dadi wadhah
Kang ingaranan Jun
Kinon amaksi jiwatma
Mahanani manggalya sajroning urip
Salirē kawruhana.

=======Banyuono, ahiring warsa  “Moksaning Urip Tan Kinira”

Rabu, 22 Desember 2010

Samu barang kabeh iku ana wayahe. (Kinanti)

(Minangkani pamundhutipun Eyang Putri Banyuono)


(1) Kabeh samu barang iku
kang kumelip ngisor langit
dumadine nganggo wayah
Ana lahir ana mati
Ana wayah geguyonan,
uga ana wayah nangis



(2) Ana uga wayah rukun
klawan wayah perang tanding
Wayah nyuwek semana uga,
wayah kanggo andondomi
Ana wayah kanggo mbubrah,
ana wayah memanguni

(3) Apa to pituwasipun
gawean kang di lakoni
lakune kanthi kangelan
Kabeh peparinge Gusti
wus tinitah kanthi endah
ing wayah ingkang pinesti

(4) Nyata sak njerone kalbu
kaparingan langgeng yekti
anehe poro manungso
datan bisa nyumurupi
kawitan dugi wekasan
kabeh pakaryaning Gusti

(5) Prandene manungsa iku
becike datan ngluwihi
ngematake kesenangan
ana ing sak jroning urip
Bisa ngombe lan memangan
iku peparinge Gusti

(6) Kang saiki ana iku
lan kang bakal ana mburi
iku anane wis lawas
ora bisa diwuwuhi
Gusti ngripto samubarang
Sak lawas – lawase yekti.

Selasa, 21 Desember 2010

Pangkuran Katur Catetaning Wanita Desember 1996

Sapa nyecep ngelmu rasa
Ngandhang gedhong jroning gubuk kang alit
ling-aling isi lan suwung
wuwung sabda pandhita
datan beda prana kang manjing ing bumbung
lega cupet jroning nala
lageyane wong aurip.