Jumat, 30 Juli 2010

Ngudi Jerone Kedhung (PANGKUR)


Mesanggrah ing Wonokromo
Ngungkuraken raos kagoling diri
Direwangi nglukis ngidung
Anglari wening tirta
Ninggalaken keng setri kelawan sunu
Duh Dewaku ya Bathara
Nuntuna lakuning mami.

Kamis, 15 Juli 2010

Ngalah Ngalih Ngamuk (Megatruh)

Kaki Plered namung warih weton gunung.
Pados kanca nunggil mergi,
tumuju mring Samudra Gung.
Papane kasidan jati
titi wanci tancep kayon.





Krenteg ing tyas mundhak guna hamong tuwuh
tumus lair tekeng batin.
Welas sih jatining kalbu.
Ngalahe karana asih
lila-legawa sesoroh.

Napa ta sing kapenggak yen sira suwun,
kumudu Ki Plered ngalih?
Den anggep-anggepa satru,
ngalihe karana asih.
Ugere mung beda panggon.

Panlangsane Ki Plered rinten lan ndalu,yen pineksa amarga sih
mara-tangan mbarang amuk.
Ngamuke karana asih.
Pangapura, Duh Hyang Manon.
=========Kebumen, Senin Legi 13 Juli "Murcaning Bumi Nywargake Penganten"

Sabtu, 03 Juli 2010

Kado Tanggap Warsa Kagem Krisna (Dhandhanggula)

Kekidungku, memuji mring Gusti.
Muga-muga manggiha raharja,
nadyan disuda yuswane.
Aduh titising Wisnu,
bebungahku andum basuki
sajroning tanggap warsa
kaping seket pitu.
Klawan kintu dedonga
mugi tansah pinaringan jembar batin
salaminipun gesang.


Wus wancine, seseleh kabeh sesulih.
Nadyan ngatog jaya-kawijayan
tan kanggo tembe mburine
Den ewangana sampyuh,
pindha klambi klapa kejuwing.
pun sulam kadhep ngarsa
nadhah reged suku.
Lowung sila kekidungan
ngeningken tyas ngluhurake kawruh batin
datan ewuh ing karya.
================Kebumen, 03 Juli "Nawang Kalbu Nyuda Caksu"

Selamat Ulang Tahun ke-57 untuk seorang Krisna, Bapak, Kakak, dan Sekaligus sahabatku terkasih Rahmat Hadiprasetyo.

Jumat, 02 Juli 2010

Dandanggula, Putraku sun lela-lela


Kuntul ageng Welut wana, Jagung muda manis rasané
Dhandhanggula, Putraku sun léla-léla.











Duh putraku, Nggér Nugrohosiwi
dakgadhang dadya satria-tama
ingkang gedhé labuhané
mring bapa tuwin sibu
saha bekti dhateng negari
sumrambah mring sesama
sanak lan sedulur
Dene langkung utama
lelabuhan mring Gusti Murbéng Dumadi
panguwasaning gesang.

Aduh kulup, kusuma linuwih
pepujénku manggiha raharja
pinayungan ing Gustiné.
tan pedhot ngangsu kawruh
Kawruh lair kalawan batin
tumrap manungsa gesang
tinemu ing laku
kulup tan kena léna
lelanamu néng alam dunya puniki
mung kanggo sawetara.
===========Kebumén, 2 Juli "Sempaling Jagat Tanpa Tiningal"

Katrangan:
Kuntul ageng = dandang
welut wana = ula
jagung muda = putren
manis rasane = gula
"Dandanggula, putraku sun lela-lela"

sempal = sifat angka 0, jagat=sifat angka 1, tanpa=sifat angka 0, tiningal=sifat angka 2
Sengkalan tahun 2010 M

Kamis, 01 Juli 2010

Layang Kapang Kanggo Krisna (Durma)

Putra Wisnu, iya Sri Bathara Krisna.
Kepareng matur siwi.
Wis kepara lawas
kantaka jroning gesang
kumuduwa gya sumingkir
sking Kurusetra
siti kang kebak agni.





Duh Dewa gung, kandhang Wijaya Kusuma.
Balung janur wit pari
dimen kausadan
ginaon raos ikhlas
mulat perdikane kaki
Kala Marica
bebeksan rina-ratri.

Sun pan dudu Si Kalijaga pengawak
kang nggethek sinengga bajil.
yen poma dipoma
nora kepangan baya
mesti sirna kentir ing kali.
Mugi Hyang Manon
kersa mong mring wak mami.
===========Kebumen, "Moksa Urip Tan Pandulu"