Selasa, 13 September 2011

Kresna Mijil Sesanti

(1) Den premana lakuning teteki
      aja nganti kemba
      pasrah 'Allah ing sakabehane.
      Titimangsa Alloh amaringi,
      mudar ing semedi,
      aja nganti turu.






(2) Aja lena trengginas ing budi
      Yen wus titimongso
      nyandak tugas panah landheyane
      Mapag donya ingkang jungkir walik
      Waspada permati,
      sekeng saru siku.

(3) Eling Yoga, Semah, lan Pribadi
      Kawijil ndedonga
      Smangat jiwa raga mring wajibe
      Nganti teka asihing Hyang Widi
      nyandhak mulya mukti
      amarga mituhu.

Kabeh Isening Kedhung (Megatruh)

(1) Aneng tepi lepen Kedhung Bibis iku
      gya mesanggrah Plered kaki.
      Ngudi kawruh hamong tuwuh,
      ngetut len-ilening warih.
      Pindha solahe cah angon.





(2) Direwangi melek mata rinten-ndalu
      nggenira laku teteki.
      Angoncati kendel ewuh,
      nyingidi pintering dhiri
      pasrah kinaranan bodho.

(3) Jer ngawula mring juragan asal Manchu,
     kudu bisa njaga ati.
     Sapakon sendika dhawuh.
     Priyayi memet satiti.
     Mugi mundhak pasinaon.

(4) Beda maneh yen wis wanci bali surup,
     Ki Plered srawung pra-jawi.
     Jawa kang wus ninggal petung,
     melekan ngentekna ratri.
     Tanpa guna ya mung jagong.

(5) Kabeh mau cinathet sajroning kidung
     Megatruh minangka seksi.
     Kabeh mung isening kedhung
     iya kanggo ngisi sepi.
     Dimen nora suwung gentong.