Jumat, 24 Desember 2010

Ginda Gitayeng Gupa (Dhandhanggula)


















Tan kinira Plērēd nyata warih
Riwus kandheg dlangu Banyuana
Nala tidhem anglenengē
Ngēksi undering kedhung
Kekudangan merdi keng siwi
Piwulangē satriya
Pinilih pinuluh.
Wirandungan nggēnya nabda
Kawiwanda dēnaran nyalangi yogi
Ginda gitayēng gupa.


 Yogyanira yogiswara yekti
Udasmarēng laku kautaman
Mandah puna wus wayahē
Ēndrawila sinawung
Sindu pangiloning tetēki
Manut kang dadi wadhah
Kang ingaranan Jun
Kinon amaksi jiwatma
Mahanani manggalya sajroning urip
Salirē kawruhana.

=======Banyuono, ahiring warsa  “Moksaning Urip Tan Kinira”

Rabu, 22 Desember 2010

Samu barang kabeh iku ana wayahe. (Kinanti)

(Minangkani pamundhutipun Eyang Putri Banyuono)


(1) Kabeh samu barang iku
kang kumelip ngisor langit
dumadine nganggo wayah
Ana lahir ana mati
Ana wayah geguyonan,
uga ana wayah nangis



(2) Ana uga wayah rukun
klawan wayah perang tanding
Wayah nyuwek semana uga,
wayah kanggo andondomi
Ana wayah kanggo mbubrah,
ana wayah memanguni

(3) Apa to pituwasipun
gawean kang di lakoni
lakune kanthi kangelan
Kabeh peparinge Gusti
wus tinitah kanthi endah
ing wayah ingkang pinesti

(4) Nyata sak njerone kalbu
kaparingan langgeng yekti
anehe poro manungso
datan bisa nyumurupi
kawitan dugi wekasan
kabeh pakaryaning Gusti

(5) Prandene manungsa iku
becike datan ngluwihi
ngematake kesenangan
ana ing sak jroning urip
Bisa ngombe lan memangan
iku peparinge Gusti

(6) Kang saiki ana iku
lan kang bakal ana mburi
iku anane wis lawas
ora bisa diwuwuhi
Gusti ngripto samubarang
Sak lawas – lawase yekti.

Selasa, 21 Desember 2010

Pangkuran Katur Catetaning Wanita Desember 1996

Sapa nyecep ngelmu rasa
Ngandhang gedhong jroning gubuk kang alit
ling-aling isi lan suwung
wuwung sabda pandhita
datan beda prana kang manjing ing bumbung
lega cupet jroning nala
lageyane wong aurip.

Rabu, 24 November 2010

Katur Eyang Sukardi (Pocung)

Kardi iku
werdine karep satuhu
lamun tinambahan
tembung "Su" tegese becik
Dadya laku tinitah ning alam dunya.
========"Moksaning Jalma Kombuling Dresti"

Senin, 22 November 2010

Ma'rifate Bakul Wedang Ronde (GAMBUH)

Wedang ronde puniku
panas, pedhes, lan manis kalamun
dipun unjuk wayah adhem eco yekti
kang mangkono dadi laku
jejere titah Hyang Manon.




Nontona ingkang ngaku
wus manunggal Gusti jroning kalbu
sumurupa yen agama iku yekti
tan kena pinisah tuhu
kosong isi - isi kosong.


Song-songe ya ragamu
ndherekake sukma nggennya mlaku
anglakoni sangkan paraning dumadi
nguja bawana rahayu
mergi manunggal Sang Katong.

Katogna nggonmu ngaku
yen wis bisa misah manis madu
jer manunggal nora butuh den akoni
Syukur begja kersa ngonjuk
linambar ikhlasing batos.
===== 22 November "Ma'rifat Awal Swarganing Laku"
http://ki-plered.blogspot.com/

Ket:
Ma'rifat = sengkalan tahun angka 0
Awal = sengkalan tahun angka 1
swarga = sengkalan tahun angka 0
laku = sengkalan tahun angka 2
jd, Tahun 2010.

Senin, 18 Oktober 2010

Hneng (Kinanthi)

Nenepi ngisoring gunung
nyawang kabeh kang kumelip
jroning cakra manggilingan
ing ngandhap klawan keng inggil
sagebyaran katon beda
waspadakna sing premati
==="Aburing janma tanpa swiwi"




*gambar kapundut saking > alifnews.wordpress.com

Minggu, 29 Agustus 2010

Ngupadi Ibering Cakra ( Dhandhanggula )

Doh ing laku angon iber angin
Nglari sangkan kendrane sang cakra
kang mesat saking wrangkane
Dipalangana sampun
bot pangajab merdi keng siwi
aneng papan kang enggal
adoh king reridhu

Babad alas gya mesanggrah
Aduh wisnu, payungana jangkah mami
ngudi ibering cakra.
======Bumi Tuntang, 2010

Kamis, 26 Agustus 2010

Ngudhar Surasaning Macapat (Dhandhanggula)

Anggegadhang manis kadya gendis
kekidhungan ngagem Dhandhanggula
murih padhang piwulange
njejantur anak putu
tradisi kuna nanging edi
mijil ingkang kapisan
sinom medal banjur
kinanti ing mangsa mudha
kaping catur asmaradhana karonsih
ka-panca dhandhanggula.
===========Kebumen 260810

Dhandhanggula salah satunggaling jenis tembang macapat
  • Saben setunggal padha wonten 10 gatra,
  • guruwilangan saben gatra; 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
  • gurulagu                         ;   i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a  
Dhandhanggula saka tembung Dhandhang lan Gula
Dhandhang ngemu teges pengarep-arep.
Gula iku manis/legi.
Pramila akeh ingkang nggunakake Tembang Dhandhanggula kanggo kidung pengarep-arep marang kesaenan ing tembe mburi. Akeh uga wong tuwa sing aweh pitutur marang anak-putu nganggo tembang iki, utawa rengeng-rengeng sinambi nurokake bocah cilik nganggo Dhandhanggula kang isine do'a kanggo keslametane si bocah.

Sebagian maneh ana sing ngotak-atik gatuk tembang iki jare jenenge tembang iki dijupuk saka asmane salah sijining raja Kediri yaiku Prabu Dhandanggendis.
  
Seje maneh pratikelku, (rak yo entuk to, nek aku duwe panemu dhewe?)......
Dakurutake saka tembang-tembang Macapat sing wis kita udhari bareng-bareng kala mben;
  • Sepisan aran Mijil; mijil kuwi metu, netes, mbukake lawang, kawitan, lair. Serasaning mijil kuwi gawe seneng, bungah, wong kang mirengake kadya mapag laire bocah bayi tanpa gelem ngerti tembe mburi bakal kepriye.
  • Kaping pindho Sinom; watake bocah kang esih timur lan duwe semangat gedhe, yen disawang banget edi peni kadya embun aneng pucuke godhong asem wayah esuk.
  • Kaping Tri Kinanti; sinome saya ngrembaka, seneng gegandhengan karo kanca-kancane. Sing jengger miwiti nglirik dhere, ananging uga tasih seneng memitran karo kanca liyane. Padha baut ngangsu kawruh, milah-milah pekerti sajroning urip.
  • Kaping catur Asmaradhana; rasa tresna kang rumasuk raga kudu mulai den-kendaleni. Awit yen ora kebener bisa nemahi bilahi. Tiwas-tiwas kayadene tragedi Pamedharing Sastra Jendra dening Begawan Wisrawa marang Dewi Sukesi (bab iki disinauni liya wektu wae...). Iki gambarane menungsa urip miwiti kudu bisa ngendhaleni antarane daya Cipta, Rasa, lan Karsa.
  • Kaping lima Dhandhanggula; Sawise cocok lan mathuk karo pilihane, wong urip banjur mulai ngrembug pengarep-arep, gegadhangan dina ngarep, diniyati mangun bebrayan kang luwih apik.
  • Kaping enem lan seteruse.....ya sesuk maneh.....!
Dhandhanggula adalah do'a
adalah harapan agar hari esok lebih baik
meski kadang sebuah tangis yang tak terdengar
meski ia adalah duka mendalam yang berbalut manis gula
tetapi dhandhanggula adalah keputusan
demi tidak terputusnya harapan..........

Selasa, 24 Agustus 2010

Ngudar Surasaning Macapat (Asmaradhana)

Sinerat wonten kakawin
ya Pustaka Smaradhana
Pu Darmaja panganggite.
Sanghyang Kama kudu kobong
sinorot soca Siwa
amarga nggoda lelaku
dinaya mubal asmara.
=======Kebumen,250810

Asmaradhana guru-lagu/guru-wilanganipun 8i / 8a / 8e / 8o / 7a / 8u / 8a
Asmaradhana saking tembung 'asmara'(birahi) lan 'dahana'(geni).

Dipuncriyosaken wonten salebeting Kakawin Smaradhana anggitanipun Mpu Darmaja....
awit saking kangene Dewi Uma kelawan Dewa Shiwa, piyambake ngutus Bathara Kama supaya nggugah rasaning asmara Sang Shiwa.
Dewa Shiwa ingkang wektu semono lagi mbangun tapa, ketaman pangaribawane Kamajaya banjur krasa kangen lan kepengin nindhakake saresmi klawan Uma. Nembe wae jugar tapane, sapandurat ngerti Kamajaya kang singidan ora adoh saka kuil. Dheweke banjur ngerti yen mubale asmara mau dudu karepe dhewe ananging saka kadigdayane Kama. Rumangsa diasorake dening Kamajaya, Sang Shiwa muntab kanepsone, lali purwaduksina. Tanpa ngesip warta luwih disik bab pokale Kama kang mangkono mau awit denutus Dewi Uma, dheweke matek aji kawijayan, ana geni murub saking netrane. Bhatara Kama pinandeng sepisan kobong dadi areng.

Kamaratih sambat ngaru-ara njaluk pengadilan. Ngre-repa murih garwane diusadani waluyajati. Sang Shiwa saguh nguripake Kama, nanging nora bisa duwe badan wadhag. Kamajaya namung awujud jiwa lan kudu nglakoni tapa kanthi tumurun Mayapada manggon aneng sanjerone priya.

Kamaratih banget anggone tresna marang Kamajaya. Dheweke njaluk dipapandeng sisan, ugere bisa nyusul dasihe kinasih. Kamaratih uga kelangan badan wadhag lan tumurun Mayapada manggen aneng njerone Wanita.
Nganti tekan jaman samengko, Kamajaya lan Kamaratih bisane ketemu angger ana wong lanang lan wadon padha langen asmara.

Asmaradhana adalah terbakarnya jiwa oleh cinta...
Asmaradhana adalah simponi ketika Kama dan Ratih bertemu dalam persenggamaan...
Asmaradhana adalah keindahan ketika alam pun terdiam karenanya
mega-mega terhenti, memberi hormat atas prosesi sebuah permulaan
adalah peluk mesra dua bulir air yang sekejap dalam pertemuan
adalah.................

Senin, 23 Agustus 2010

Sebuah Catatan yang Terlewat

“Aku sangat mencintaimu, dengan kerinduan yang amat dalam….”

Itulah awal sebuah tulisan di lembar terahir buku catatan matematika milik anak sulungku. Meski kaget, namun aku tersenyum, mencoba memahami bahwa ia yang baru berumur 7th dan kelas 3SD inipun berhak untuk mengenal cinta. Dengan asumsi bahwa coretan-coretan ini adalah caranya berkomunikasi selama menjalani hari-hari menjadi anak pendiam, aku pun melanjutkan membacanya…

“…tetapi, setelah engkau begitu kejam kepada kami, aku tidak mengenalmu lagi. Meskipun kau mencoba mengenalku lagi, berkirim pesan, atau menulis berbaris-baris status dalam Facebookmu…aku akan menganggapmu teman biasa, tidak lebih!”

Aku tidak kaget. Agar tidak gaptech, aku memang sering mengajaknya bermain di warnet. Keherananku semata karena bujang cilikku ini pun telah mengenal patah hati.

“Hai, Tuhan. Jika kau mencoba berkenalan denganku lagi pun… aku akan menganggapmu sebagai teman biasa. Tidak lebih…!” begitu ia mengahiri tulisannya.

Aku bukan hanya kaget. Dadaku bergetar. Lekas aku panggil ia. Demi melihatku membaca coretan di bukunya, bocah kecil itu berhambur memelukku. Menenggelamkan kepalanya di dadaku. Diam. Seolah ia mengerti bahwa tangisnya tidak terwakilkan lagi oleh bergetarnya pita suara. Kuusap rambutnya dengan penuh kasih, meski aku yakin itu tidak cukup.

Perlahan namun pasti, kristal bening di sudut mata ini meleleh. Aku telah keliru menyikapi keadaan kami. Aku telah keliru dengan menganjurkan istri dan dua anakku tabah menjalani apa yang selalu aku katakan sebagai cobaan ini. Ya, meski bagaimanapun kejamnya negeri ini melibas segala kesempatanku bertarung… Meski aku punya seribu keegoisan untuk tidak mengakui bahwa ini sebuah penderitaan… Namun ada sebuah catatan yang aku lewatkan, bahwa kedua anakku adalah juga anak-anak yang berhak merasakan kegembiraan dan bahagia…………
=============Kebumen, bulan kemerdekaan–bulan penuh berkah 2010.

Jumat, 20 Agustus 2010

Ngudar Surasaning Macapat (Kinanti)

Kinanti sekar katelu
gambarane wong a-urip
gegandengan sami kancan
rinonce kadya melati
wiwit tepang raos tresna
kinanti angganda wangi.
====Kebumen, 210810.



Para kadang, ndungkap sekar Macapat Kinanti anggenipun kula lan panjenengan sinau. Kirang langkung mekaten:
  • guru gatrane 6; tegese saben pada (bait) ana 6 gatra (baris)
  • guru wilangane ajeg 8 saben gatrane; tegese saben gatra utawa baris ana 8 suku kata utawa syllable.
  • guru lagune u, i, a, i, a, i ; tegese gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo swara (vokal) “u”, gatra kapindho kudu dipungkasi nganggu swara “i” lan sapiturute.
Kinanti wonten ingkang ngartosaken gegonjengan, kekancan, lan ugi wonten ingkang ngartosaken jeneng kembang. Pramila kathah ingkang ngginakaken sekar macapat metrum kinanti punika kagem anggambaraken swasana mesra, langen-driyan, lan edi peni.

Kinanti adalah tembang ke-tiga
Kinanti adalah gambaran manusia remaja dalam hidup
Kinanti adalah persahabatan sejati bagaikan rangkaian melati
Kinanti adalah ia yang memulai kenal cinta
Kinanti keindahan yang mewangi....

Senin, 16 Agustus 2010

Aku-kowe ewuh apa? (SINOM)

Aku-kowe ewuh apa?
(Sinom: Mengeti Kamardikan RI)




Angelingi duk semana
rama-biyung kaki-nini
angetog jiwa lan raga
ngrebut kamardikan RI.
Arine Jumat Legi,
tanggal pitulas Agustus
siji sanga papat lima.
Tekad ambela negari.
Saikine aku-kowe ewuh apa?


===Kebumen, 17 Agustus 2010

Minggu, 15 Agustus 2010

Ngudhar Surasaning Macapat (SINOM)

SINOM

Kaping kalih Sinom wedhar   (8a)
Sih enom asale kaki   (8i)
Ing serat Purwaukara   (8a)
anak rambut dados werdi (8i)
Roning asem kang mudhi  (7i)
ngono ugi datan kleru  (8u)
Sinom ngemu surasa   (7a)
kaya dene bocah cilik   (8i)
nembe ngerti gumebyaring alam dunya (12a)
=========Wonosobo, 15 Agustus 2010

Kadang sutresna Macapat Kakung-Putri, Anem klawan Sepuh....
kala semanten sampun ginaon Mijil. Dene sakpunika, mangga ngundhaki kawruh kanti ngudhar guru-lagu, guru-wilangan, saha watak-wantunipun sekar Macapat metrum Sinom.

Sinom anggadhahi sangang gatra/larik kanti guru-wilangan (pedhotan tembung/suku kata) gatra sepindah dugi sanga ; 8/8/8/8/7/8/7/8/12 lan guru-lagu (dong-dinging swara/vokal wonten ahiring tembung saben gatra); a/i/a/i/i/u/a/i/a.

Sinom kathah ingkang mastani saking tembung "Isih Enom". Wonten serat Purwaukara dipun-artosaken "anak rambut". Wonten ugi ingkang merdi-aken "Godhong asem ingkang tasih enom". Sedaya wau muaranipun manggih makna ingkang kirang-langkung mirip, inggih punika "muda", kados lare ingkang  nembe mangertosi alam dunya. Kabeh kang sinawang tansah edi-peni. Pramila, Sinom katah dipun-ginakaken kangge nggambaraken raos semangat jiwa ingkang taksih timur.

Sinom adalah keindahan di kala fajar tiba
Sinom adalah embun yang menghiasi pucuk-pucuk daun waktu pagi
Sinom adalah berkobarnya semangat Sang Jiwa Petualang menyongsong datangnya tantangan dikala siang.
Sinom adalah ketika raga dibelenggu rasa.........

Sabtu, 14 Agustus 2010

Ngudar Surasaning Macapat (MIJIL)

Para mitra sutresna budaya jawi, kangge nambah gayeng anggenipun kula lan panjenengan tetepangan malih kaliyan Tembang Macapat, kepareng kula badhe sa-jumput urun rembug babagan Tembang Macapat. Kawiwitan saking jenis-jenisipun tembang jawi ingkang kalebet macapat. Ingkang sampun umum, tembang macapat wonten 11 werni. Inggih punika ; Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmarandhana, Dhandhanggula, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Durma, Megatruh, lan Pucung.

Sewelas tembang ingkang sampun kasebat wau nggadhahi aturan arupi Guru Lagu lan Guru Wilangan ingkang benten antawis setunggal lan sanesipun. Ugi anggadhahi watak lan suraos ingkang benten-benten. Ing sa-mangke, mangga sami sesarengan ginaon ngudar suraosipun sekar macapat setunggal mbaka setunggal.
 
Mijil : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u.
Pun wiwiti saking sekar mijil
kang ngemu suraos
mula buka kang dadi tegese.
Surasane kabeh ganda wangi
kadya bayi lair.
Mijil iku metu.

Mijil werdinipun "metu". Mijil uga wonten sambung-rapetipun klawan 'Wijil" ingkang sinonim kalih tembung "lawang"; salah setunggaling tetuwuhan ingkang gandanipun wangi.

Mijil adalah awal, ketika manusia memulai kehidupan.
=================Kebumen, ari kaping 14 candra agustus, "Salugune ora ana Kayon Tanpa gelem Ndulu"

Minggu, 08 Agustus 2010

Kanggo Kanca Kinasih (SINOM)

Mitra kang ngungkuli kadang,
yekti Plered namung warih,
manut ingkang dadi wadhah
uga anggenipun ngiling.
Junana nganggo kendhi,
mesti kendhi wujudipun.
Bisa uga dadi muksa,
yen kokiling aneng pasir.
Junna eling ilengana gen ra ilang.



Wrih gunung wetonira.
mulabukanipun wening.
Anut ingkang nggulawentah.
Tetesana ireng mangsi,
dakmeneb bali wening.
Tetesana gula madu,
rumeksane dadi jiwa.
Kang mangkono mesti lami
punbekta dumugining samudralaya.

Plered warih weton arga
saderma manut kang ngiling.
Ugere ginaon sabar
kencana timbul tumuli
rumata kanti asih.
Pangilinge wong kang digung
tetesane ati murka,
banjir bandhang mesti dadi.
Sesantiku eneb eling ilengana.
==========Wonokromo, 9 agustus "Luhuring Tyas Tan kena Dinulu"

Jumat, 30 Juli 2010

Ngudi Jerone Kedhung (PANGKUR)


Mesanggrah ing Wonokromo
Ngungkuraken raos kagoling diri
Direwangi nglukis ngidung
Anglari wening tirta
Ninggalaken keng setri kelawan sunu
Duh Dewaku ya Bathara
Nuntuna lakuning mami.

Kamis, 15 Juli 2010

Ngalah Ngalih Ngamuk (Megatruh)

Kaki Plered namung warih weton gunung.
Pados kanca nunggil mergi,
tumuju mring Samudra Gung.
Papane kasidan jati
titi wanci tancep kayon.





Krenteg ing tyas mundhak guna hamong tuwuh
tumus lair tekeng batin.
Welas sih jatining kalbu.
Ngalahe karana asih
lila-legawa sesoroh.

Napa ta sing kapenggak yen sira suwun,
kumudu Ki Plered ngalih?
Den anggep-anggepa satru,
ngalihe karana asih.
Ugere mung beda panggon.

Panlangsane Ki Plered rinten lan ndalu,yen pineksa amarga sih
mara-tangan mbarang amuk.
Ngamuke karana asih.
Pangapura, Duh Hyang Manon.
=========Kebumen, Senin Legi 13 Juli "Murcaning Bumi Nywargake Penganten"

Sabtu, 03 Juli 2010

Kado Tanggap Warsa Kagem Krisna (Dhandhanggula)

Kekidungku, memuji mring Gusti.
Muga-muga manggiha raharja,
nadyan disuda yuswane.
Aduh titising Wisnu,
bebungahku andum basuki
sajroning tanggap warsa
kaping seket pitu.
Klawan kintu dedonga
mugi tansah pinaringan jembar batin
salaminipun gesang.


Wus wancine, seseleh kabeh sesulih.
Nadyan ngatog jaya-kawijayan
tan kanggo tembe mburine
Den ewangana sampyuh,
pindha klambi klapa kejuwing.
pun sulam kadhep ngarsa
nadhah reged suku.
Lowung sila kekidungan
ngeningken tyas ngluhurake kawruh batin
datan ewuh ing karya.
================Kebumen, 03 Juli "Nawang Kalbu Nyuda Caksu"

Selamat Ulang Tahun ke-57 untuk seorang Krisna, Bapak, Kakak, dan Sekaligus sahabatku terkasih Rahmat Hadiprasetyo.

Jumat, 02 Juli 2010

Dandanggula, Putraku sun lela-lela


Kuntul ageng Welut wana, Jagung muda manis rasané
Dhandhanggula, Putraku sun léla-léla.











Duh putraku, Nggér Nugrohosiwi
dakgadhang dadya satria-tama
ingkang gedhé labuhané
mring bapa tuwin sibu
saha bekti dhateng negari
sumrambah mring sesama
sanak lan sedulur
Dene langkung utama
lelabuhan mring Gusti Murbéng Dumadi
panguwasaning gesang.

Aduh kulup, kusuma linuwih
pepujénku manggiha raharja
pinayungan ing Gustiné.
tan pedhot ngangsu kawruh
Kawruh lair kalawan batin
tumrap manungsa gesang
tinemu ing laku
kulup tan kena léna
lelanamu néng alam dunya puniki
mung kanggo sawetara.
===========Kebumén, 2 Juli "Sempaling Jagat Tanpa Tiningal"

Katrangan:
Kuntul ageng = dandang
welut wana = ula
jagung muda = putren
manis rasane = gula
"Dandanggula, putraku sun lela-lela"

sempal = sifat angka 0, jagat=sifat angka 1, tanpa=sifat angka 0, tiningal=sifat angka 2
Sengkalan tahun 2010 M

Kamis, 01 Juli 2010

Layang Kapang Kanggo Krisna (Durma)

Putra Wisnu, iya Sri Bathara Krisna.
Kepareng matur siwi.
Wis kepara lawas
kantaka jroning gesang
kumuduwa gya sumingkir
sking Kurusetra
siti kang kebak agni.





Duh Dewa gung, kandhang Wijaya Kusuma.
Balung janur wit pari
dimen kausadan
ginaon raos ikhlas
mulat perdikane kaki
Kala Marica
bebeksan rina-ratri.

Sun pan dudu Si Kalijaga pengawak
kang nggethek sinengga bajil.
yen poma dipoma
nora kepangan baya
mesti sirna kentir ing kali.
Mugi Hyang Manon
kersa mong mring wak mami.
===========Kebumen, "Moksa Urip Tan Pandulu"

Rabu, 30 Juni 2010

Tanggap Ari Warsa Kaping 64 Bhayangkara (Megatruh)


Sangga kutang, mbokyao aja kesusu
nggenya sami memaoni.
Abot sangga njaga hukum
direwangi awan bengi
ugere bebrayan bakoh.


=======Kebumen, 29 Juni "Datan Nunggal Tanpa Kanthi"



Pamedhare Tresna Samun (Asmaradhana)


Sing sapa durung mangerti
dununge rasa asmara
sejati klawan sesinglon,
ndahara atur Ki Dalang
Hadi Sugito smana
amedar tresna kang samun
binagi mring tri prakara.




Sucitra kang angka siji
yeku tresna merga rupa
bagus lanang ayu wadon.
Kaping dwi Tresna Wiryana
pangkat lan kelungguhan.
Dene ingkang kaping telu
arane Tresna Hartono

Nggone seneng amung mergi
raja-brana bandha-dunya.
Ulati kanti waskito
yen telu-telune ilang
tresnane uga sirna.
Yekti kang arane samun
wewatake mung sedhela.

Hadi Sugito swargi
nyata dalang ingkang kondang.
Wates-Yogya wewengkone.
Pangocape kabeh wayang
dipireng kadya nyata.
Jebol dugi tancep kayun
pakeliran kebak sastra.
========Kebumen, 29 Juni "Swarga Jalma Luhur Pandulu"
Mengenang Almarhum Ki Dalang Hadi Sugito saking Toyan-Wates, Yogyakarta.

Kalamangga, Manggakala (Megatruh)

Kala seseorang yang mempunyai potensi besar hadir dalam jaringan persahabatan kita, besar pula harapan bahwa ia akan menambah manfaat demi kemajuan bersama. Namun jangan dilupakan, ibarat belalang yang masuk jaring laba-laba –--semakin besar kekuatannya, semakin besar pula kemungkinan jaring itu rusak---.

Nah, seberapa besar kemampuan kita untuk menerimanya? Haruskah berkonsentrasi merengkuhnya dengan mengorbankan persahabatan kita yang lama? Keutuhan lingkungan kita, orang-orang dekat, dan bahkan diri sendiri menjadi taruhannya…..
Berkacalah pada Laba-laba! Apabila ia nekat meraih Si Belalang, ia beresiko jatuh bersama karena jaring banyak yang putus. Sungguh bijak ia yang memilih menyulam kembali sarangnya sebelum menarik Si Belalang ke dalam sarang.

Kalamangga, Manggakala (Megatruh)
Kalamangga kandhane Ki Plered banjur.
Mangga sami denulati.
Mbangun somah kanti utun
Nyenyulame mbaka siji
Ing pangangkah kanggo manggon.

Ya mangkono yen kita mbangun sedulur
Datan ruket tanpa aji
Uger bakoh nggih rahayu
Tan moyig godhaning angin
Kabeh sedyane kelakon.

Nuju dina tumekane Walang Gadhung
Linuwih ing rosa budi
Kalamangga dadi getun
Nyawang omah mosak-masik
Taleng rasa sami pedhot.

Mapan pangan pindho sapucuking pecut
Den-ranggeha dhawah mesti
Taliwanda gya dicancut
Dandan omah mbangun jaring
Ngruket walang mengko-mengko.
=========Kebumen, 28 Juni "Muluk Wani Sirna Paksi"

Tangis Bocah Bajang (Mengenang 10th Meninggalnya seorang Pahlawan Sensus Penduduk)



Bait pertama dalam tembang ini aku tulis pada waktu, hari, dan suasana yang sama dengan hari ini sepuluh tahun lalu (pk:21.00 wib 25 Juni 2000) di ruang Teratai RSUD Kebumen. Ketika itu aku masih dalam perawatan karena kecelakaan di pagi harinya (09.00 wib)




Tangis Bocah Bajang (Dhandanggula)

Nggonku ngidung, nglarap sukmajati
Sangarsane Sang Hyang Wenang.
Tinampa-a pisowane.
Elok lampahanipun
pralayane Raden Sumantri
ndisiki Sukasrana
mingkur ingkang sampun.
Bisane Sukrasana
amung ngidung, nenangis sajroning batin
"Sugeng tindak pun Kakang"
==========R.Teratai, RSU Kebumen 25 Juni 2000, 21.00 WIB.

Sing dakeling, tekan madya ratri
kowe aku padha gegojegan
ngrembug nasib lan uripe
uga eling pesenmu
kudu ngemung mring adi-adi
kadya Sumantri smana
suwitaneng ratu
Nanging yekti lan nyata
abot sangga anggonku nyenyunggi janji
wusnya koktinggal seda.

Duh Kakangku, banget dakgetuni
ngapa ndika kang ndhisiki seda
ninggalake aku dhewe.
Sawangen lelakonku
mokal ngemong rayi kekalih.
Tanpa wluku lan papan
tan ana pametu.
Ijen dadi memala,
nyangking plunan, ngreribed seje sesami.
Kapang kontrang kantringan.
===========25 Juni 2003.

Hari ini, genap 10 tahun peristiwa yang meluluh-lantakan kehidupan kami. Sebuah bus yang angkuh telah melibas motor kami yg jauh menepi. Kakakku terkasih meninggal dunia karenanya. Mungkin, negeri ini tidak pernah mencatat kejadian itu. Tapi aku, dengan luka di kepala ini tiada dapat melupakannya. Bagiku, Winuji Widodo seorang pahlawan. Ia gugur saat menjalankan tugas sebagai Pencacah dalam Sensus Penduduk 2000 bersamaku......
Kebumen, 25 Juni 2010.

Tasih Catatan Bareng Elmitra (SINOM)

Edipeni ratri-rina
neng Semarang kutho asri
sesarengan kanca enggal
ingkang sulistya ing warni
Dyah Elmitra Nawangsih.
Awit saking kersanipun
niat gladeng sastra jawa
kalawan nglukis Sang Dewi.
Mugi langgeng anggone niat memitran.



=======Semarang 23 Juni "Adoh gusti sepi ngelmi"

Especially for Elmitra Nawangsih

KINANTI

Siniram banyu sawindu
tepang kenya endah asri
Kamaratih ngejowantah
aran Elmitra Nawangsih.
Nadyan kenya saking manca,
kersa gladen sastra jawi.




Elok tenan sedulurku,
nunggal siti nunggal warih.
Kawudan gya kewirangan
ambeg raos ngunggung diri
nyingkir budaya priyangga
wengku manca umyek sami.
============ri-21 juni "Swarganing Tyas Tan bisa Dinulu"

Bakul Getuk Methuk Esuk (POCUNG)


Esuk-esuk, wis nyawang bakule gethuk.
Tan ayu nanging pas.
Semangat ingkang sayekti.
Titi subuh nyandhak alu nuthuk tela.

Nadyan sepuh, tan sambat tan aruh-aruh.
Ngelingi mring wekas,
jer manungsa iku yekti,
tanpa karya kleyang jati saumpama.

====Kebumen, Akad Wagé, 8 Rejeb 1943 Dal

Mapag Tekaning Ratri (Maskumambang)

Sugeng ndalu dumateng pro-mitra sami
kadang anem-tuwo
mugi ratri endah dadi
baku aja nganti lena.
============= 19 Juni 2010 jam 21:55

Sugeng Enjing (MIJIL)

Sugeng enjing lan miwiti kardi
ing dina samengko.
Muga-mugo, jembar rejekine.
Pinaringan waspada lan eling
dugi kondur mangkin
manggiha rahayu.....
===================== 19 Juni 2010 jam 7:51

Sesanti Kanggo Anak-anakku (Kinanti)

Mawa sidhem bebek wurung,
kepareng nitip sesanti.
Tumrap masmirahpun kakang,
kelawan siwi kekalih.
Bab urip neng alam dunya
kudu eling lan premati.

Pisan njaga ujar tembung,
kang mijil saka ing lathi.
Pindho lestarining gesang,
kabeh mahluk lan pribadi.
Katri mbela kalawan hak.
Catur nasabira kaki.


Kaping lima golek ngelmu,
lair dumugining akhir.
Kabeh mau kang utama.
Gegaman langkung prayogi,
linambaran raos ikhlas
mring sabarang kang dumadi.
========Kebumen, ri-16 candra-6 'Mesat budi nir bujana'

The Legend of Sastromidin (MIJIL)

Ana pangon aran Sastromidin.
Akekancan kebo.
Saben dina amluku gawene.
Angger sayah panglipure nyuling,
lan Si Kebo ugi
tambah rosa mluku.



Wis nasibe yen wong cilik iki
kudu nut bendhoro.
Nora beda, Si Midin critane
ndungkap warsa 'Bun Drahyu njing Janmi'
moderenisasi
mlebet dusun-dusun.

Bendarane ya cancut tumuli
anyade keng wlukon.
Genti traktor pamluku sawahe.
Nuju rusak, Si Midin nyenyuling.
Lha kok ora sekti.
Traktor wegah mlaku.

Sastromidin ewuh ing pambudi,
didangu bendoro.
Nunggal dina ilang jabatane.
Kanti sabar dheweke tumuli
dadi tukang suling
wayang kulit melu.

Tiwas-tiwas, dijagakke nyuling
bisane mung pelog,
laras slendro adoh yen bisane.
Ora lawas, uga dilereni.
Banjur saben ari
Sastromidin mlaku

Mider desa, mbarang nganggo suling
karo nggendong putra.
Pirang warsa tan ana kabare,
krungu-krungu meh kentir ing kali.
Uga nyekel suling.
Nyata wong kang puguh.
==========Kebumen, ari-18 candra-6 "Tan wani adoh nyembah"

Sepi (Maskumambang)

Urip iku asale mung saka sepi.
Tembe mburi mengko,
bakal bali alam sepi.
Mula ayo sing prayitna.

Mampir ngombe sayekti yen denumpami.
Menyang pasar mono,
najan betah mesti bali.
Wong urip neng alam dunya.


Urip iku amung kanggo ngisi sepi.
Dadiya nayaka,
amung kanggo ngisi sepi.
Tan beda kang baud sastra.

Merga ndunya, akeh wong kang padha keli.
Nggone golek bandha,
direwangi demit kali.
Sedheku kekancan dupa.

Kang mangkono tan bakal bisa pinanggih.
Yekti jroning nala,
sugih lan sudraning dhiri
lan tansah nambah kagunan.
------Kebumen, ari kaping 13 sasi Juni "Sepi Semedi Suwung Ngelmi"--------

PLEREDAN

Ki Plered nyela atur
nderek njantur minangka pisungsung.
Ngusung wedang, pedes panas denmanisi.
syukur begja kersa ngonjuk,
linambar ikhlasing batos. (GAMBUH)




Ginambar ing sekar Pangkur,
amangkoni apa kang wus mungkur.
Nggennya nyatur, mangga sami denwijeni.
olah basa Plered cubluk,
Jaewana dinggo bumbon. (GAMBUH)

Pleredan kang cinarita
angupadi Sangkan Paran Dumadi.
Pawitan kang sarwi suwung,
sangu sondhong landheyan.
Amemayu bawana murih rahayu.
Krenteging tyas mung ngibadah
manembah mring Sang Hyang Widi. (PANGKUR)