Jumat, 02 Juli 2010

Dandanggula, Putraku sun lela-lela


Kuntul ageng Welut wana, Jagung muda manis rasané
Dhandhanggula, Putraku sun léla-léla.











Duh putraku, Nggér Nugrohosiwi
dakgadhang dadya satria-tama
ingkang gedhé labuhané
mring bapa tuwin sibu
saha bekti dhateng negari
sumrambah mring sesama
sanak lan sedulur
Dene langkung utama
lelabuhan mring Gusti Murbéng Dumadi
panguwasaning gesang.

Aduh kulup, kusuma linuwih
pepujénku manggiha raharja
pinayungan ing Gustiné.
tan pedhot ngangsu kawruh
Kawruh lair kalawan batin
tumrap manungsa gesang
tinemu ing laku
kulup tan kena léna
lelanamu néng alam dunya puniki
mung kanggo sawetara.
===========Kebumén, 2 Juli "Sempaling Jagat Tanpa Tiningal"

Katrangan:
Kuntul ageng = dandang
welut wana = ula
jagung muda = putren
manis rasane = gula
"Dandanggula, putraku sun lela-lela"

sempal = sifat angka 0, jagat=sifat angka 1, tanpa=sifat angka 0, tiningal=sifat angka 2
Sengkalan tahun 2010 M

2 komentar:

  1. keren bangetdan mantaap..ini lakonnya apa mas Dandanggula, Putraku sun lela-lela..artine apa mas

    BalasHapus
  2. Ngapunten, nembe bisa bales.
    Dandhanggula, Putraku sun lela-lela: tegese aku nglela-lela (menina-bobokan) anak-anakku anggo tembang dandhanggula.
    Kekidungku memuji marang gusti, najan jaman lagi kaya kiye...muga bae anakku loro bisa dadi bocah sing kebak kagunan kanggo sepada-pada. Najan durung mesti antuk apike sapada-pada (manusia lain)
    Nuwun. Salam Rahayu....

    BalasHapus